Back To Top

Rabu

Mitra FBku

selamat datang...
teman facebook, puisi, jombang
Oleh : Suciwati, S.Pd

Tulisanmu tansah nggores kalbu
Kepriye oleh biso nggayu ilmu
Yen FB mu kebak hawa nafsu
Nafsu kang ora tamtu

Mitraku......
Padha duwea gegayuhan luhur
Nggayuh lintang-lintang idhuwur
Kang kebak ewonan pitutur
Bisa dadi misuwur

Mitraku......
Menuwun marang Gusti kang maha agung
Pesuryanmu kang sulistya lan bagus
Tansah sumunar wutuh
Kagubel agama lan ilmu

*) Guru Bahasa Jawa SMPN 2 Mojoagung